Minggu, 19 Februari 2012


JENENGE WAKEM

            Jenenge Wakem. Wis sarjana. Mbuh sarjana apa, ora tau ngaku. Anake wong sugih, lan kayane mandan keturunan ningrat utawa darah biru. Jenengan Wakem dudu jeneng asline. Jeneng asline Siti Turmini, mbuh apane sing mini. Jenengan Wakem paraban kanca batire sing padha ora seneng maring klakuane sing ora nyenengna, dendam lan mbethithil contone. Wakem singkatan wanita kemayu, tegese ya anu ora ayu. Dheweke ora ngerti ana paraban jeneng kaya kuwe, lan jenengan Wakem suwe-suwe luwih dekenal tenimbang jenengan asline.
            Wakem umure wis ndhas-ndhasan telu, kurang rong tahun maning wis genep patang puluh tahun, tegese dadi prawan tua urung payu rabi. Jane tah Wakem kepengin cepet-cepet rabi, ningen wong lanang sing desengi rabi kabeh pada mundur teratur, jerene cangkem lan kringete mambu ora enak. Utawa nek ana wong lanang sing seneng, Wakeme sing ora cocog, jere ora level dudu kelase. Senengane Wakem malah karo bocah nembe brahi (BNB) utawa ABG, jere sing kepenak delomboni. Nyatane malah sewalike, Wakem sering kelombon. Nek Wakem wis metu duwite, ABG-ne lunga minggat ngadohi.
            Postur blegejede Wakem ora patiya dhuwur, sedhengan. Kulite sawo mateng. Raine lonjong, oval. Rambute kandel ireng, dawane sebahu. Matane bunder gedhe karo wulu mata sing ndeplik. Alise ireng tipis kaya wulan sabit mlengkung. Pipine montok karo derias kukul siji loro. Irunge mandan mancung. Lambene kandel sensual. Untune lemu-lemu lan sing ngarep mandan nongol meh ngluwihi lambene. Janggute bak lebah bergantung. Gulune mandan dawa derias untaian kalung emas sing gedhe. Kupinge caplang deriasi anting mas sing apik. Sekang gulu mengisor tekan sikil ora bisa degambarna sebabe gandhengan karo hal-hal sing sensitip lan ketutup. Paling-paling tangan karo sikile. Tangane sing kiwa pergelangane derias karo gelang keroncong sing gedhe kanti driji-driji sing molek kaya penari, lan tlapak tangan sing alus pertandha ora tau kerja abot. Kuku-kuku driji tangan lan sikile dicet abang kaya kulit mlinjo mateng. Oh, ya, sikile sing kiwa uga delengkapi karo kalung emas sing manis.
            Klangenane Wakem blanja lan mangan-mangan. Panganan sing desenengi Wakem yakuwe bakso sing detumpleki sambel meh seprapat porsi. Bisa baen sedinane Wakem mangan bakso lewih tekan telung porsi. Wakem ngerti banget bakul bakso sing baksone paling enak. Jere Wakem, tambah lemu bakul panganan tambah enak panganane. Sejen karo sastrawan utawa budayawan, tambah gering  tambah enak karyane denikmati sebabe akeh priyatine.
            Werna sing desenengi Wakem werna ireng. Kenangapa seneng werna ireng? “Werna ireng kuwe bagian sekang werna. Inyong seneng werna ireng sebabe bisa nutup noda. Werna ireng bisa dadi werna tantangan, sebabe ana gambaran konotasi sing negatip, kaya kambing hitam, dunia hitam, lembah hitam, daftar hitam lan liyane. Lan inyong tertarik werna ireng sebabe uga akeh sing demen, kaya hitam manis, mutiara hitam, hitam gula jawa, beras ketan ireng, black coffee, lan liyane”.
            Wakem kelebu wong wadon sing kreatip gole nyandhang. Dheweke gawe dhewek klambi-klambine kanti model-model sing up to date. Sing dadi prinsipe milih bahan klambi yakuwe kudu beda karo wong liya. Prinsip kiye detrapna nang Wakem kanti ngger tuku klambi nang nggon sing adoh lewih kang satus kilometer, supayane men ora nana wong sijiya sing ngembari klambine. Nek ana wong ngembari klambine nang lingkungane, cepet-cepet Wakem mbuang utawa mbakar klambi kuwe. Tumrape Wakem luwih apik debuang utawa debakar klambi kuwe tenimbang dewekna kanggo kesenengan wong liya.
            Istimewane Wakem yakuwe pinter gaul utawa nggolet batir. Gaul tumrape dheweke kaya panggilan sekang ati. Pinter gaul sapa wonge modale ya pinter ngomong. Kanti kepinteran ngomonge Wakem bisa gaul karo sapa baen. Intine Wakem dekenal nang sapa baen nang lingkungane. Mungkin nek Wakem mlebu nang dunia bisnis, dheweke desogna nang bagian ujung tombak kanggo nglobi langganane mbangun networking utawa jaringan kerja lan partnership. Utawa nek Wakem mlebu nang kepartean wis semestine depilih dadi juru kampanye dadi perangkap nggolet massa.
            Sekang pinter ngomonge Wakem kecebur mlebu maring jaringan usaha multi level marketing sing jerene bisa ngraup keuntungan cepet utawa instan. Kanti kepinteran ngomonge Wakem bisa nggiring wong-wong kon pada mlebu nandur modale. Sing kaya kiye ndadekna Wakem bisa mbawahi ranting-ranting sing ngucurna dana. Tambah akeh ranting sing tukul, tambah akeh Wakem nggole olih keuntungan. Kanti prestasi kuwe uga Wakem dewei sanjungan nang Boss multi level marketing hadiah mobil. Mbuh kenang apa, meneng-meneng wektu kuwe uga Wakem mutusna metu sekang bisnis MLM lan kedudukane dedol maring wong liya. Kaya-kayane Wakem ngerti apa sing arep kedaden, bisnis MLM  pirang-pirang tahun mengarep kolap lan bangkrut. Wakem dhewek ora ngerti kejerat ukum apa ora. Nyatane Wakem ayem baen mobilan maring ngendi ora.
            Ora derencana babar pisan Wakem ngedol mobile. Wakem ora ngerti nggo ngapa duite. Wong sing ngerti agi kepepet masalah dhuit teka maring Wakem nembung utang, ya tentune nganggo janjen ketulis mbaleknane lipat ganda. Kaya kuwe seteruse, bondong-bondong kaya barisan wong teka maring Wakem utang dhuit. Wakem ngrasakna kepenak lan enake sekang untunge nggandakna dhuite. Sekang kenikmatan kiye ndadekna getihe Wakem dadi panas nyebabna syarap-syarape ngobahna kelakuan sing ora apik. Kerak-kerak atos nutupi atine Wakem ngedohi sekang bebrayan sing apik. Raine Wakem wis ora sumeh maning nang bebrayan. Kesumehan nang Wakem mung sewates kanggo mbungkus perangkap wong-wong sing arep mlebu nyelang dhuite. Kaya kuwe, dhuit wis dadi Maha Dewa kanggo nentukna dalan uripe, dalan urip sing deyakini bisa nggo gantungan wong liya lan akeh untunge. Kabeh mau ndadekna Wakem dadi Boss Dhuit, nganti gawe cabang sing ora sethithik jumlahe nggo nglayani dhuite Wakem. Wah, pokoke Wakem keton hebat pisan.
            Ana wektune esuk ganti awan, awan ganti sore lan sore remeng-remeng ganti wengi. Wakem ngrasakna apa-apa dhewekan kudu derobah men karo wong liya. Mangsude Wakem ora kepengin terus-terusan dhewekan, kepengin nduwe bojo nggo ngrasakna bareng nang wektu seneng lan susahe. Napine ora gampang kanggone Wakem nggolet bojo sing ideal sekang wong wadon sing wis umur patang puluh lewih kanti rai sing pas-pasan lan ora ayu, karo maninge awake ginuk-ginuk lemu. Wong sing arep ngarah ya pikir-pikir, sing dearah apane? Nek ndeleng umure wis ora produktip, rentan nggo nggolet keturunan. Paling-paling nang segi donyane, wong lanang padha akeh sing ngiler kepengin kesawaban. Lan Wakem angel detebak morale kaya ngapa awit dhuit kanggone Wakem degolet kepenak pisan.
            Garise wong urip sing dejalani ora bakalan nggletak mblegejed, biasane ana usaha kanggo cara sing werna-werna men garise urip lewih ana maknane. Lan garise urip Wakem nggolet bojo dadi program sing utama. Kabeh usaha delakoni kanggo ngarah bojo. Usaha sing paling gedhe biayane kerja bareng karo dhukun sing mumpuni. Usaha dhukun uga ora nana kasile, ora nana wong lanang sing dedaftar dadi nominasi mlebu maring perangkape. Wis akeh banget dhuit sing mubral-mubral ora etungan kanggo usaha nggolet bojo. Sebanjure, sebab krasa kesel, Wakem mutusna mandeg dhisit nggole nggolet bojo, nglokro kepengin urip dhewekan baen.
            Nek esih percaya, cokane jodho ora usah degolet mengendi-endi, arep teka dhewek alon-alon napine klakon. Wis adoh banget nek deturut usahane Wakem nggolet bojo, depikir rasane kesel pisan. Ora denyana babar pisan wong sing ora kelebu nominasi nggolet bojo aweh pengarep-arep ngrisiki karo ukara-ukara sing ndemeni pisan tumrape Wakem. Dheweke sopire Wakem sing anyar lan ngaku esih “lan” utawa bujangan. Wakem dhewek nanggapi polahe sopire kuwe mandan-mandan alon ora patiya detanggapi. Wakem bingung antarane ya lan ora. Napine atose watu bisa gripis kenang tetese banyu sing terus-terusan. Wakem nglegoso ketelem ngrasakna endahe taman sing degelar nang sopire. Kembang-kembang padha obah lenggak-lenggok kedamu angin nembangna tembang asmara. Manuk-manuk, kupu-kupu lan kumbang-kumbang padha melu nembang nyambut dewa-dewi sing lagi ngedu panah asmarane.
            Rencana akad nikahe Wakem wis kesebar. Tanggapane wong beda-beda maring rencana kuwe. Ana sing nanggapi sinis utawa miring, “Gentawelan suwe nggolet bojo jebule mung olih sopire”. Napine nang sing nduwe respon positip, “Wis dadi garise ora usah pada werna-werna ora usah gegoh”. Nggo ngimbangi brita sing semebar, Wakem age-age cepet gawe undangan akad nikahe. Lan undangan dewatesi Wakem nggo wong-wong kelas menengah maring nduwur, lan siji loro nggo wong menengah maring ngisor.
            Perhelatan nikahane Wakem degelar gedhe-gedhean. Tobong tarub detekakna sing paling gedhe lan apik. Kanggo njagong temon penganten derias kraton desogna nang nggon sing paling ngarep ngadep jagongane tamu. Panggung orgen tunggal degelar nang ngarep sebelah tengen. Dejejer nggon panganan suguhan nang ngarep sebelah kiwa; ana soto, sate, bakso, es krim, es buah, dawet ayu,  lan panganan-panganan nyamikan lan buah-buahan. Nggon sing nggo njemput tamu desogna nang paling ngarep delengkapi buku tamu. Kotak sumbangan bentuk umah desogna nang sandhing penjeput tamu. Kru paket shooting film arep ngabadikna upacara pernikahane Wakem.
            Awan kuwe tamu-tamu wis pada teka, napine urung akeh. Acara akad nikah age-age cepet dewiwiti. Penghulu karep cepet-cepet dewiwiti sebabe penghulu uga arep nulis nikahane wong nang nggon liyane, sebabe uga wong nikahan nang wulan sing apik kuwe ora sethithik jumlahe. Prosesi akad nikahe enggal dewiwiti. Gending Kebogiro mbarengi penganten keloron mlebu maring nggon tempat pernikahan.
            Mbarengi prosesi akad nikahe Wakem, mbang bludus pada pating gedebug pating pecicil, ana serombongan wong sing padha serik nganakna demo utawa unjuk rasa, jumlahe kira-kira telung puluhan. Jere dheweke pada ngaku klakon delomboni lan gandheng karo utang piutange Wakem sing durung delunasi. Sing padha demo padha nggawa poster-poster tulisan sing isine werna-werna. “Wakem tukang nglombo! Balekna dhuite inyong!”, postere wong sing nglakon delomboni dadi pegawai negri.  Poster-poster liyane, ”Lunasi dhisit utange, nembe kawin!”, “Kawin aja ancik-ancik sengsarane wong liya”, “Wakem aja mung lamisan, omonge thok sing gedhe!”. Kuwe kabeh mau uneg-unege sing padha unjuk rasa. Lan pimpinane demo uga ngomong nganggo corong cilik, “Wakem, deleng wong-wong sing degawe lara atine nang ko, padha siap gawe polah apa baen! Nek perlu mbubarna pesta perkawinan kiye! Men ko dewek ngerti pada karo keciwane inyong kabeh sing digawe nang ko”.
            Kaya kuwe akad nikahe Wakem, derubesi nang pengunjuk rasa. Akad nikah sing dekarepna adhem ayem lan damai derubesi nang ontran-ontran pendemo. Ora nana pengamanan sing desiapna ndadekna sing padha demo padha polah sekarepe dhewek, kelebu mlebu maring nggon pesta pernikahan. Kabeh mau dadi nambahi ruwet. Siji-siji pendemo nganggo corong berorasi kanti suara seru pisan. Ora nana wong sing wani ngendeg polahe pendemo. Ora nana wong sing ngundang pehak keamanan setempat. Kabeh-kabeh tamu wis padha maklum karo keadaan kaya kuwe.
            Sekang situasi sing ribut kaya kuwe ujug-ujug ana wong wadon enom nggendong bocah cilik umur balita. Wong wadon kuwe age-age gagean mlebu melu rombongan pendemo. Ora nana wong ngerti wong wadon kuwe arep ngapa. Wong wadon kuwe ngrebut corong sing degawa pendemo. Karo suara sing seru lan emosi wong wadon kuwe ngumbar omongane.
            “Sedulur-sedulur! Akad nikah kiye ora olih keleksanan! Inyong bojo sing syah calon penganten lanang. Pak Penghulu kudu mbatalna pernikahan kiye!  Inyong nggawa surat nikah sing syah. Kiye, kabeh olih ndeleng lan neliti”, wong wadon kuwe mbeberna surat nikahe.
            Wakem ora bisa nahan pikiran lan perasaan sekang situasi sing ora dekarepna kuwe. Ora “Nyebut” ora Istighfar, Wakem lemes, semaput. Kru shooting film nyorot kabeh kedadeyan sing ana kaya drama sinetron sing agi degawe. Sebanjure ana wong sing ngomong, “Wakem, kiye kabeh ko sing nandur”.
                                                                                    Kebarongan, 22 Meret 2011

                                                                                                                                                                                   


  
           
  
                






Tidak ada komentar:

Posting Komentar