KUDHI
Nek cara
wong mbang kana jere gaman kudhi gaman meteng, sekang wujude gaman kuwe
njembluk nggon wetengane, sejen karo gamane wong nang daerah liya. Jere, kudhi
gamane wong penginyongan, gamane Kang Carub Bawor. Gaman kiye kepenak nggo gawe tataran wit
glugu tumrape tukang nderes, utawa negor pring nang tukang brubuh pring. Ana
maning sing jere gaman kiye kepenak nggo meres lan nggepuk utawa mbelah degan.
Nggo nisiki pring usuk karo reng, utawa gawe plupuh nglengkapi amben utawa
lincak, jere ya anu kepenak pisan.
Salah sijine wong sing duwe kudhi ya Kang Golan. Kudhine Kang
Golan landhepe ngedab-edabi, ana istilah meh pitung penyukuran, jerene. Nggel
dina kudhi kuwe deasah nggo ngodhe brubuh negor-negor kayu apa baen, melu
juragan kayu. Ningen kudhi kuwe agi ketriwal
mbuh nang ngendi parane. Jalaran kaya kuwe merekna Kang Golan ora bisa kerja,
bebeh nganggo kudhi liyane, njuran ketungkul meng-mengen mikirna ilange kudhi
kuwe. Nggole takon jane wis deratani kabeh anak bojone lan tanggane ora nana sing
keliwatan, ya ora nana sing ngerti kudhi kuwe. Malah nggole nakoni anak bojone
karo kesuh ngomeh-ngomehi. Ana maning malah suudzon maring tukang rongsok,
tepak ngawak karo dheweke nggole klakon
dadi tukang rongsok. Melasi pisan Kang Golan, sering keton nggole nglangut
mikirna kudhi.
Asal-asale
kudhi kuwe anu ora kejarag nggole nduwe. Kang Golan wektu lagi mlaku-mlaku esuk
bar subuhan sekang mesjid, nang pinggir gili gedhe nemu wesi gepeng kandele
rong senti lan dawane kira-kira rong kilan. Deemper-emper pir trek tronton sing
kejeglong nang jugangan dalan bodhol, tur maninge dalane ya agi padha akeh sing
bodhol angel depilih sing langsam. Gageyan wesi kuwe nang Kang Golan
deitha-itha kayane nggo gawe gaman maen pisan, gaman kudhi karepe. Temenan,
wesi kuwe seminggu dadi wujud kudhi bar degawa maring empu tukang gawe
peralatan wesi. Turahane wesi kon degawe gaman liyane. Isih ana maning, nggole
nggarani kudhi ngojari kudu nganggo galih kayu klandhingan utawa lamtorogung.
Ora kena degambarna senenge Kang Golan duwe kudhi kuwe, jere marem banget
rasane.
Wis rong minggu ilange kudhi kuwe. Kang Golan gageyan
mangkat usaha takon maring wong pinter mbok menawane bisa nuduhna kudhi kuwe. Durung
tekan nggone, Kang Golan kepapagan kancane sing biasa nyambet gawe bareng negor-negor
kayu. Kang Golan keton mandan klicutan, kepengin nyimpangi napine ora bakalan, wis
kadhung adu arep. Kang Golan malah keton celala-celili. Age-age kancane Kang
Golan mepekna.
“Pernahe
mbepleng temen. Ora tau-tau Rika kedhangkrakan mengeneh-ngeneh agep mengendi
jane? Agep menggone inyong apa?”
Amleng. Kang
Golan ora gageyan nyauri. Keton angel pisan nggole arep ngomong. Buyar kabeh
angen-angene nggole arep takon masalah kudhi maring wong pinter sing omahe cedhek
genohe kancane kuwe. Tas kresek sing decangking sing isine werna-werna bakalan
ora sida tekan tujuane, mampir ndekem nang nggone kancane.
“Oh, ya-ya!
Inyong agep menggone Rika. Wis suwe ora ketemu. Kepengin gendhu-gendhu rasa
karo Rika. Kangen karo banyolane Rika sing merekna nglangeni, merguyokna lan
bisa ngilangi setrese inyong”.
“Ya, wis,
mayuh gageyan maring nggone inyong mumpung bojone inyong miki esuk sekang pasar sungan tuku panganan kena nggo
kanca gendhu-gendhu rasa”.
“Lha, Rika
mandan perlente mikine agep mengendi jane? Apa inyong ora ngganggu acarane rika?”.
“Ora susah
depikir. Inyong mung agep klinthung sedhela nggolet mbako. Jane ya anu isih
nduwe mbako sendhing-nding, kena nggo rong dina. Tuku maning nggo persediaan.
Ora sida lunga, ya ora apa-apa. Ngesuk maning esih ana dina”.
Tekan omahe
kancane. Tas kresek sing isine werna-werna deulungna Kang Golan maring kancane
kuwe, sing janjane ya mandan owel nang ati. Banjuran wong loro padha dopokan
ngalor-ngidul, deselani gemuyu seger pisan karo nyruput teh tubruk. Sedawane
padha dopokan ora keri padha nglinting mbako mbali klembak menyan desogi wuwur
rajangan cengkeh sendhing, wis, nyamleng pisan jerene. Nggalieng pisan ketone
wong loro nggole padha udud.
“Oh ya, Kang
Golan, Rika detakokna juragane, kenangapa
ora tau mangkat kerja”.
“Domong si
domong, inyong maring ngeneh agep takon masalah kerja”.
“Seplok Rika
pamit jere arep rewang nang nggone tanggane sing mbarang gawe, pleng claleng
ora keton, nang ngendi baen jane!”.
“Wis ora
susah takon werna-werna, inyong ngesuk agep mangkat kerja”.
“Nah, kaya
kuwe! Kudhine rika sing deselangna juragane selagine Rika pamit wis kangen
decekel Rika!”.
Mak tratab,
Kang Golan kayong kaget sangkete. Kang Golan thenger-thenger nylongob karo
matane mandeng rangken ora kemedhep, mata walangen. Udud sing semelap nang
drijine Kang Golan, sing nembe dedudut sekang lambene, ora krasa ucul tiba nyemplung
maring gelas wedhang teh tubruke Kang Golan.
Kebarongan,
30 Mei 2011
kudhi is gaman meteng, he he ..., lanjutkan pak..., kayane bapak siki lagi jarang nulis...
BalasHapus