NGANTRI CUKUR
Udan mbregejeg sedina med, ora patia gedhe, ora ana
mandhege. Pating sliwer wong mlaku padha payungan, sing nunggang montor padha
mantelan, ana sing ngoyos selek kepengin tekan. Mbang bludhus, inyong mlebu
maring nggon tukang cukur lanang sing mandan laris langganane inyong, sing
genohe nang prapatan mandan ramen. Umah-umahan nggon cukuran ora patiya amba
delengkapi kaca pengilon kiwa tengen ngarep
mburi. Radio cilik sing degantung nang pojokan agi nembang “Tamba Ati” nggone Kyai
Kanjeng Emha Ainun Najib, pernahe sekang radio Dakwah. Nang kono wis agi akeh
sing ngantri, ana wong lima: bocahe loro, nom-noman loro, wong tua siji, sing
agi decukur siji. Ndilalah sing biasane tukang cukure ana sing ngrewangi, dina
kuwe ora mangkat jerene agi mriyang, mbuh mriyang apa ora desebutna.
Wis kadhung mlebu, karo maningen ketone udane angel gole
liren sebabe mendhunge putih, inyong njagong ngenteni giliran karo nulis jeneng
lan tanda tangan nang daftar hadir. Inyong ngrogoh dompet nang sak agep niliki cathetan
kertu cukur wis ping pira gole cukur nang kono, angger genep ping papat nang
cathetan kertu cukur sing ping limane
gratis, genep ping sepuluh dewei hadiah tudhung plastik werna putih gambare
tukang cukur kuwe lan ana tulisane, sing ndhuwur “Sanalika” jenenge tukang
cukur kuwe, sing ngisore “Becik ketitik ala ketara”, ana sing klakon nambahi
nggo iseng nang ngisor tulisan kuwe, ”Becik ketitik ala rupane”.
Wah, sing padha agi ngenteni giliran cukur pating klesed keton gole ora sabar sebabe wis sore, wis arep
wektu Ngasar. Siji loro lemud doreng aedesegypsi pecicilan ngang-ngung ngintip-ngintip
selane kulite wong sing nang kono. Sing
jenenge ngenteni ora deora ya anu mblengeri, etungan semenit kayong etungan
sejam, suwe pisan. Sing biasane paling mblengeri ya ngenteni wong cukur model-model, sing pangrok, sing kucir,
sing model njlirit nang ndhuwur kuping kaya iwak sepat, sing model artis-artis
Korea. Utawa wong tua sing gole cukur ndadak karo desemir, keton nggole ora
ngilo wonge wis keton tua manike wis modod munggah mudhun kaya pirnang utawa
tlerep gombel, lan maninge mandan nyempirut kulite, napine rambute esih ireng
ora mathuk ora kewes. Ningen ya kaya kuwe, jere men tampilane keren lan
semringah, keton enom maning, keton gole bered utawane puber maning.
Siji-siji sing decukur model biasa ora nganti limang
menit sepuluh menitan rampung. Ana bocah cilik sing agi decukur malah nangis.
Jalarane agi decukur kenang ceguken, rogeh. Dadine tukang cukur ora teyeng
ngepas dawane sepira rambute, gole cegukan kerep ndadekna cukurane pating
njluwag dawa cendhek, malah ana sing nandhes, poak. Lha nang kono sidane dealusi
decukur cendhek kabeh agep plonthos, gundhul. Bocahe mewek-mewek ndeleng raine
dhewek nang kaca. Bocahe keton kesuh pisan. Sidane bocah kuwe, ora pamit ora
ngapa, ora mbayar ora ngapa, metu mlayu kudanen gundhule. Sing nang kono kabeh
padha gemuyu kepingkel-pingkel ora rampung-rampung termasuk tukang cukure karo
ngelus-ngelus jenggote. Malahen angger wong tua gemuyu kaya kuwe kayane gelem
sing kepuyuh jalaran onderdile wis padha
kendho. “Men jorna baen, anu wis biasa cukur ngeneh, tanggane inyong kono wetan,
ora apa-apa”, ujare tukang cukur kuwe.
Sikine, sing
decukur gilirane wong tua sing kudu karo nyemir. Rambute pancen wis
keton dawa, semirane wis njepluk, separo rambute wis balik ngasal putih separo nggon
bagian ngisor pokole. “Aja kelalen semire sing maen, sing mandan larang ya
kena, ora apa-apa”, ujare wong tua kuwe. Tek rasa tambah suwe maning inyong
gole ngenteni, semiran sing maen genah lewih suwe gole ngolesna lan lewih
ngati-ati. Sifate inyong sing jenengane ngenteni apa baen sing mandan suwe merekna
kebelet maring mburi, beol utawane berak. Mangkane nang kono ora nyediakna
tempat sing nggo kebelet, kudu maring mbang kana nang sebrang ndalan nggon WC
umum, sing sethithike sewu rong ewu kudu mbayar. Wis ora kena detahan, inyong
gagean pamit metu maring nggon sing detuju, ngoyos jalaran esih udan.
Ngelet ora nganti rong puluh menit inyong wis mbalik
maning. Nang kono wong tua kuwe esih derumat, agi decukur brengose lan
jenggote. “Aja kelalen tambah pijet, sirahe inyong mandan mod-mod mumet awit
winginane”, wong kuwe nyela maning. “Asem renganen, tambah suwe maning ngger kaya kiye”, pikire inyong. Apa enggane
inyong batal cukur, wis risih pisan rasane rambute wis nggepok dawa maring
kuping. Inyong ngrasa kayong arep ora sabar, clingukan kepengin pamit. Ningen
inyong kemutan nglakon agi decukur karo dewei pengemut-emut nang tukang cukur
kuwe, “Dadi wong kudu sing sabar, wong sabar larang regane. Sabare wong tani kena
nggo conto awit nandur tekan ngundhuh! Wong sabar subur”. Aku kudu sabar
ngenteni, masa ora rampunga kari gilirane inyong ikih, ora kaya sabare nunggu
rampunge kasus koruptor sing nilaine milyaran sing ketone arep ora rampung lan
ora nggenah pok buntute.
Giliran mijet, tukang cukur kuwe karo nyambi aweh
pengemut, mbuh nggo sapa, kaya-kayane nggo sing agi depijeti karo inyong sungan,
“Sing akeh-akehe wong ora padha krasa degrogoti umur saben dina, jane gari
sepira turahane urip inyong padha. Saben-saben kethone angger ana wong mati, ya
wong liya baen sing agep mati, inyong kabeh keton-ketone arep urip selawase.
Padhahal, urip sing sejatine lan arep selawase, ya nek seuwise mati. Kari inyong kabeh padha ngerti apa ora, padha
nguri-uri nggo urip selawase apa ora ”. Wong sing agi depijet keton nang kaca nggole
beda srapatan raine, semu pucet lan
thenger-thenger nampa pengemut kuwe. Inyong ya mandan ngrasa klicutan kesemprot pengemute tukang cukur kuwe,
blangkemen ora teyeng ngomong apa-apa nandhes nang ati.
Rampung mijet tukang cukure gligat-gligut mandhan
njekethet ora age-age mrentah inyong dekon njagong nang kursi cukur, malah
pamit kebelet maring mburi karo agep perlu Ngasaran jalaran wektune wis mepet. Sisan
nggawe inyong melu-melu ngayahi perlu. Ora nganti kesuwen tukang cukure wis
mbalik maning nang kono karo inyong. Sing kudune wektu kuwe esih padhang
nggembrang ningen mendhunge kandhel merekna peteng ndhedhet kaya wis liwat wektu
Maghrib. Bareng karo bledheg ngampar-ngampar debarengi udan deres inyong dekon
njagong nang kursi cukur. Slimut cukur degubedna maring awake inyong. Dewiwiti
cukur nembe pirang gleseran ana bledheg seru pisan kaya-kaya nyaut umah cukuran
kuwe. Mak bet, listrike mati. Tukang cukure gremetan age-age nyuled lilin. Detunggu
ngasi lilin sing desumed arep entong sepertelon, listrike ora murub-murub.
Inyong ora wani ngomong apa-apa. Udan gemrejeg kaya-kaya
agi nutupi kabeh dalan pikiran kejaba nggo mikirna rampunge gole cukur. Sirahe
inyong tek elus-elus karo tek deleng riyem-riyem nang kaca durung separo acan
sing decukur. Cukurane inyong mesti kudu rampung, mbuh kepriwe carane. Ningen,
tukange cukur wis ngomong peralatane dina kuwe agi ora lengkap, aki batre lan
batu batre nggo nguripna mesin cukur utawa undhuk ora kegawa keri nang umah. Lampu
senter ces-cesan ya ora kegawa, apes pisan pancen. Inyong ora bakalan ngomong
“kepriwe jane” maring tukang cukure. Tukang cukure keton gole krasa salah. Age-age
tukang cukure nyandhak hp-ne nang meja nelpon wong ngumah dekon nggawakna
alat-alat sing dekarepna.
Wektune wis maghrib keprungu kenthong sekang mesjid.
Listrik durung murub acan. Udane wis mandan alon. Sing detelpon nang tukang
cukure durung teka-teka. Inyong esih njagong nang kursi cukur esih degubed
slimut cukur, anget, ningen gemrungsung pikirane lan kemranyas atine. Lemud
sing padha golet pakhal wengi mulai ambrung ngrubung menclok siji-siji nang
sikile inyong, nyokot, napine ora tek rasa, lewih penting ngrasakna cukur
durung rampung. Sida-sidane inyong decukur karo gunting alon-alon deobori karo
lampu senter sing nembe teka. Ora pikiran cukurane kaya ngapa. Sing penting
rampung.
Kebarongan,
12 Maret 2012
Sugiharto
MA
Wathoniyah Islamiyah
Kebarongan,
Kemranjen, Banyumas
Tidak ada komentar:
Posting Komentar