Senin, 26 Maret 2012


KUDHI
            Nek cara wong mbang kana jere gaman kudhi gaman meteng, sekang wujude gaman kuwe njembluk nggon wetengane, sejen karo gamane wong nang daerah liya. Jere, kudhi gamane wong penginyongan, gamane Kang Carub Bawor.  Gaman kiye kepenak nggo gawe tataran wit glugu tumrape tukang nderes, utawa negor pring nang tukang brubuh pring. Ana maning sing jere gaman kiye kepenak nggo meres lan nggepuk utawa mbelah degan. Nggo nisiki pring usuk karo reng, utawa gawe plupuh nglengkapi amben utawa lincak, jere ya anu kepenak pisan.  
          Salah sijine wong sing duwe kudhi ya Kang Golan. Kudhine Kang Golan landhepe ngedab-edabi, ana istilah meh pitung penyukuran, jerene. Nggel dina kudhi kuwe deasah nggo ngodhe brubuh negor-negor kayu apa baen, melu juragan kayu.  Ningen kudhi kuwe agi ketriwal mbuh nang ngendi parane. Jalaran kaya kuwe merekna Kang Golan ora bisa kerja, bebeh nganggo kudhi liyane, njuran ketungkul meng-mengen mikirna ilange kudhi kuwe. Nggole takon jane wis deratani kabeh anak bojone lan tanggane ora nana sing keliwatan, ya ora nana sing ngerti kudhi kuwe. Malah nggole nakoni anak bojone karo kesuh ngomeh-ngomehi. Ana maning malah suudzon maring tukang rongsok, tepak ngawak karo  dheweke nggole klakon dadi tukang rongsok. Melasi pisan Kang Golan, sering keton nggole nglangut mikirna kudhi.
            Asal-asale kudhi kuwe anu ora kejarag nggole nduwe. Kang Golan wektu lagi mlaku-mlaku esuk bar subuhan sekang mesjid, nang pinggir gili gedhe nemu wesi gepeng kandele rong senti lan dawane kira-kira rong kilan. Deemper-emper pir trek tronton sing kejeglong nang jugangan dalan bodhol, tur maninge dalane ya agi padha akeh sing bodhol angel depilih sing langsam. Gageyan wesi kuwe nang Kang Golan deitha-itha kayane nggo gawe gaman maen pisan, gaman kudhi karepe. Temenan, wesi kuwe seminggu dadi wujud kudhi bar degawa maring empu tukang gawe peralatan wesi. Turahane wesi kon degawe gaman liyane. Isih ana maning, nggole nggarani kudhi ngojari kudu nganggo galih kayu klandhingan utawa lamtorogung. Ora kena degambarna senenge Kang Golan duwe kudhi kuwe, jere marem banget rasane.
             Wis rong minggu ilange kudhi kuwe. Kang Golan gageyan mangkat usaha takon maring wong pinter mbok menawane bisa nuduhna kudhi kuwe. Durung tekan nggone, Kang Golan kepapagan kancane sing biasa nyambet gawe bareng negor-negor kayu. Kang Golan keton mandan klicutan, kepengin nyimpangi napine ora bakalan, wis kadhung adu arep. Kang Golan malah keton celala-celili. Age-age kancane Kang Golan mepekna.
            “Pernahe mbepleng temen. Ora tau-tau Rika kedhangkrakan mengeneh-ngeneh agep mengendi jane? Agep menggone inyong apa?”
            Amleng. Kang Golan ora gageyan nyauri. Keton angel pisan nggole arep ngomong. Buyar kabeh angen-angene nggole arep takon masalah kudhi maring wong pinter sing omahe cedhek genohe kancane kuwe. Tas kresek sing decangking sing isine werna-werna bakalan ora sida tekan tujuane, mampir ndekem nang nggone kancane.
            “Oh, ya-ya! Inyong agep menggone Rika. Wis suwe ora ketemu. Kepengin gendhu-gendhu rasa karo Rika. Kangen karo banyolane Rika sing merekna nglangeni, merguyokna lan bisa ngilangi setrese inyong”.
            “Ya, wis, mayuh gageyan maring nggone inyong mumpung bojone inyong miki esuk  sekang pasar sungan tuku panganan kena nggo kanca gendhu-gendhu rasa”.
            “Lha, Rika mandan perlente mikine agep mengendi jane? Apa inyong ora ngganggu acarane rika?”.
            “Ora susah depikir. Inyong mung agep klinthung sedhela nggolet mbako. Jane ya anu isih nduwe mbako sendhing-nding, kena nggo rong dina. Tuku maning nggo persediaan. Ora sida lunga, ya ora apa-apa. Ngesuk maning esih ana dina”.
            Tekan omahe kancane. Tas kresek sing isine werna-werna deulungna Kang Golan maring kancane kuwe, sing janjane ya mandan owel nang ati. Banjuran wong loro padha dopokan ngalor-ngidul, deselani gemuyu seger pisan karo nyruput teh tubruk. Sedawane padha dopokan ora keri padha nglinting mbako mbali klembak menyan desogi wuwur rajangan cengkeh sendhing, wis, nyamleng pisan jerene. Nggalieng pisan ketone wong loro nggole padha udud.
            “Oh ya, Kang Golan, Rika detakokna juragane,  kenangapa ora tau mangkat kerja”.
            “Domong si domong, inyong maring ngeneh agep takon masalah kerja”.
            “Seplok Rika pamit jere arep rewang nang nggone tanggane sing mbarang gawe, pleng claleng ora keton, nang ngendi baen jane!”.
            “Wis ora susah takon werna-werna, inyong ngesuk agep mangkat kerja”.
            “Nah, kaya kuwe! Kudhine rika sing deselangna juragane selagine Rika pamit wis kangen decekel Rika!”.
            Mak tratab, Kang Golan kayong kaget sangkete. Kang Golan thenger-thenger nylongob karo matane mandeng rangken ora kemedhep, mata walangen. Udud sing semelap nang drijine Kang Golan, sing nembe dedudut sekang lambene, ora krasa ucul tiba nyemplung maring gelas wedhang teh tubruke Kang Golan.
                                                                                                Kebarongan, 30 Mei 2011
                                                                                               



     
           
                
             









Cerpen Banyumasan


NGANTRI CUKUR
            Udan mbregejeg sedina med, ora patia gedhe, ora ana mandhege. Pating sliwer wong mlaku padha payungan, sing nunggang montor padha mantelan, ana sing ngoyos selek kepengin tekan. Mbang bludhus, inyong mlebu maring nggon tukang cukur lanang sing mandan laris langganane inyong, sing genohe nang prapatan mandan ramen. Umah-umahan nggon cukuran ora patiya amba delengkapi  kaca pengilon kiwa tengen ngarep mburi. Radio cilik sing degantung nang pojokan agi nembang “Tamba Ati” nggone Kyai Kanjeng Emha Ainun Najib, pernahe sekang radio Dakwah. Nang kono wis agi akeh sing ngantri, ana wong lima: bocahe loro, nom-noman loro, wong tua siji, sing agi decukur siji. Ndilalah sing biasane tukang cukure ana sing ngrewangi, dina kuwe ora mangkat jerene agi mriyang, mbuh mriyang apa ora desebutna.
            Wis kadhung mlebu, karo maningen ketone udane angel gole liren sebabe mendhunge putih, inyong njagong ngenteni giliran karo nulis jeneng lan tanda tangan nang daftar hadir. Inyong ngrogoh dompet nang sak agep niliki cathetan kertu cukur wis ping pira gole cukur nang kono, angger genep ping papat nang cathetan kertu cukur  sing ping limane gratis, genep ping sepuluh dewei hadiah tudhung plastik werna putih gambare tukang cukur kuwe lan ana tulisane, sing ndhuwur “Sanalika” jenenge tukang cukur kuwe, sing ngisore “Becik ketitik ala ketara”, ana sing klakon nambahi nggo iseng nang ngisor tulisan kuwe, ”Becik ketitik ala rupane”.
Wah, sing padha agi ngenteni giliran cukur pating klesed  keton gole ora sabar sebabe wis sore, wis arep wektu Ngasar. Siji loro lemud doreng aedesegypsi pecicilan ngang-ngung ngintip-ngintip selane kulite wong sing nang kono.  Sing jenenge ngenteni ora deora ya anu mblengeri, etungan semenit kayong etungan sejam, suwe pisan. Sing biasane paling mblengeri ya ngenteni wong  cukur model-model, sing pangrok, sing kucir, sing model njlirit nang ndhuwur kuping kaya iwak sepat, sing model artis-artis Korea. Utawa wong tua sing gole cukur ndadak karo desemir, keton nggole ora ngilo wonge wis keton tua manike wis modod munggah mudhun kaya pirnang utawa tlerep gombel, lan maninge mandan nyempirut kulite, napine rambute esih ireng ora mathuk ora kewes. Ningen ya kaya kuwe, jere men tampilane keren lan semringah, keton enom maning, keton gole bered utawane puber maning.
            Siji-siji sing decukur model biasa ora nganti limang menit sepuluh menitan rampung. Ana bocah cilik sing agi decukur malah nangis. Jalarane agi decukur kenang ceguken, rogeh. Dadine tukang cukur ora teyeng ngepas dawane sepira rambute, gole cegukan kerep ndadekna cukurane pating njluwag dawa cendhek, malah ana sing nandhes, poak. Lha nang kono sidane dealusi decukur cendhek kabeh agep plonthos, gundhul. Bocahe mewek-mewek ndeleng raine dhewek nang kaca. Bocahe keton kesuh pisan. Sidane bocah kuwe, ora pamit ora ngapa, ora mbayar ora ngapa, metu mlayu kudanen gundhule. Sing nang kono kabeh padha gemuyu kepingkel-pingkel ora rampung-rampung termasuk tukang cukure karo ngelus-ngelus jenggote. Malahen angger wong tua gemuyu kaya kuwe kayane gelem sing  kepuyuh jalaran onderdile wis padha kendho. “Men jorna baen, anu wis biasa cukur ngeneh, tanggane inyong kono wetan, ora apa-apa”, ujare tukang cukur kuwe.
            Sikine, sing  decukur gilirane wong tua sing kudu karo nyemir. Rambute pancen wis keton dawa, semirane wis njepluk, separo rambute wis balik ngasal putih separo nggon bagian ngisor pokole. “Aja kelalen semire sing maen, sing mandan larang ya kena, ora apa-apa”, ujare wong tua kuwe. Tek rasa tambah suwe maning inyong gole ngenteni, semiran sing maen genah lewih suwe gole ngolesna lan lewih ngati-ati. Sifate inyong sing jenengane ngenteni apa baen sing mandan suwe merekna kebelet maring mburi, beol utawane berak. Mangkane nang kono ora nyediakna tempat sing nggo kebelet, kudu maring mbang kana nang sebrang ndalan nggon WC umum, sing sethithike sewu rong ewu kudu mbayar. Wis ora kena detahan, inyong gagean pamit metu maring nggon sing detuju, ngoyos jalaran esih udan.
            Ngelet ora nganti rong puluh menit inyong wis mbalik maning. Nang kono wong tua kuwe esih derumat, agi decukur brengose lan jenggote. “Aja kelalen tambah pijet, sirahe inyong mandan mod-mod mumet awit winginane”, wong kuwe nyela maning. “Asem renganen, tambah suwe maning  ngger kaya kiye”, pikire inyong. Apa enggane inyong batal cukur, wis risih pisan rasane rambute wis nggepok dawa maring kuping. Inyong ngrasa kayong arep ora sabar, clingukan kepengin pamit. Ningen inyong kemutan nglakon agi decukur karo dewei pengemut-emut nang tukang cukur kuwe, “Dadi wong kudu sing sabar, wong sabar larang regane. Sabare wong tani kena nggo conto awit nandur tekan ngundhuh! Wong sabar subur”. Aku kudu sabar ngenteni, masa ora rampunga kari gilirane inyong ikih, ora kaya sabare nunggu rampunge kasus koruptor sing nilaine milyaran sing ketone arep ora rampung lan ora nggenah pok buntute.       
            Giliran mijet, tukang cukur kuwe karo nyambi aweh pengemut, mbuh nggo sapa, kaya-kayane nggo sing agi depijeti karo inyong sungan, “Sing akeh-akehe wong ora padha krasa degrogoti umur saben dina, jane gari sepira turahane urip inyong padha. Saben-saben kethone angger ana wong mati, ya wong liya baen sing agep mati, inyong kabeh keton-ketone arep urip selawase. Padhahal, urip sing sejatine lan arep selawase, ya nek seuwise mati.  Kari inyong kabeh padha ngerti apa ora, padha nguri-uri nggo urip selawase apa ora ”. Wong sing agi depijet keton nang kaca nggole beda srapatan raine, semu pucet lan  thenger-thenger nampa pengemut kuwe.  Inyong ya mandan ngrasa klicutan  kesemprot pengemute tukang cukur kuwe, blangkemen ora teyeng ngomong apa-apa nandhes nang ati.
            Rampung mijet tukang cukure gligat-gligut mandhan njekethet ora age-age mrentah inyong dekon njagong nang kursi cukur, malah pamit kebelet maring mburi karo agep perlu Ngasaran jalaran wektune wis mepet. Sisan nggawe inyong melu-melu ngayahi perlu. Ora nganti kesuwen tukang cukure wis mbalik maning nang kono karo inyong. Sing kudune wektu kuwe esih padhang nggembrang ningen mendhunge kandhel merekna peteng ndhedhet kaya wis liwat wektu Maghrib. Bareng karo bledheg ngampar-ngampar debarengi udan deres inyong dekon njagong nang kursi cukur. Slimut cukur degubedna maring awake inyong. Dewiwiti cukur nembe pirang gleseran ana bledheg seru pisan kaya-kaya nyaut umah cukuran kuwe. Mak bet, listrike mati. Tukang cukure gremetan age-age nyuled lilin. Detunggu ngasi lilin sing desumed arep entong sepertelon, listrike ora murub-murub.
            Inyong ora wani ngomong apa-apa. Udan gemrejeg kaya-kaya agi nutupi kabeh dalan pikiran kejaba nggo mikirna rampunge gole cukur. Sirahe inyong tek elus-elus karo tek deleng riyem-riyem nang kaca durung separo acan sing decukur. Cukurane inyong mesti kudu rampung, mbuh kepriwe carane. Ningen, tukange cukur wis ngomong peralatane dina kuwe agi ora lengkap, aki batre lan batu batre nggo nguripna mesin cukur utawa undhuk ora kegawa keri nang umah. Lampu senter ces-cesan ya ora kegawa, apes pisan pancen. Inyong ora bakalan ngomong “kepriwe jane” maring tukang cukure. Tukang cukure keton gole krasa salah. Age-age tukang cukure nyandhak hp-ne nang meja nelpon wong ngumah dekon nggawakna alat-alat sing dekarepna.
            Wektune wis maghrib keprungu kenthong sekang mesjid. Listrik durung murub acan. Udane wis mandan alon. Sing detelpon nang tukang cukure durung teka-teka. Inyong esih njagong nang kursi cukur esih degubed slimut cukur, anget, ningen gemrungsung pikirane lan kemranyas atine. Lemud sing padha golet pakhal wengi mulai ambrung ngrubung menclok siji-siji nang sikile inyong, nyokot, napine ora tek rasa, lewih penting ngrasakna cukur durung rampung. Sida-sidane inyong decukur karo gunting alon-alon deobori karo lampu senter sing nembe teka. Ora pikiran cukurane kaya ngapa. Sing penting rampung.  
  
                                                                                    Kebarongan, 12 Maret 2012               
                                                                                    Sugiharto
                                                                                    MA Wathoniyah Islamiyah
                                                                                    Kebarongan, Kemranjen, Banyumas